Pastinya kalian pernah bukan waktu masa sekolah menengah pertama menjumpai pelajaran bahasa jawa yang materinya tentang aksara jawa atau contoh geguritan (puisi bahasa jawa). Sudah tau kah kalian apa definisi dari geguritan itu?
Jika belum tau apa definisi dari geguritan, nanti akan di bahas secara singkat di bawah ini. Namun kalau ingin penjelasan lengkapnya kalian dapat membacanya di bawah ini untuk lebih jelasnya, Lengkap beserta struktur dan jenis-jenis geguritan semua sudah di rangkum untuk kalian.
Berikut di bawah ini adalah geguritan lengkap yang dibedakan berdasarkan jenis dan tema yang akan di bahas.
Selamat Membaca !
Artikel Terkait : Pengertian Geguritan Beserta Ciri-ciri, Struktur, dan Jenis-jenisnya
Daftar isi
- 1 Kumpulan Contoh Geguritan Bahasa Jawa
- 1.1 Contoh Geguritan Tema Lingkungan
- 1.2 Contoh Geguritan Tema Gagrak Lawas
- 1.3 Contoh Geguritan Tema Gagrak Anyar
- 1.4 Contoh Geguritan Tema Ibu
- 1.5 Contoh Geguritan Tema Pahlawan
- 1.6 Contoh Geguritan Tema Guru
- 1.7 Contoh Geguritan Tema Tresna
- 1.8 Contoh Geguritan Tema Perpisahan
- 1.9 Contoh Geguritan Tema Kanggo Kanca
- 1.10 Contoh Geguritan Tema Agama
- 1.11 Contoh Geguritan Tema Sahabat
- 1.12 Contoh Geguritan Tema Sekolah
- 1.13 Contoh Geguritan Tema Budi Pekerti
- 1.14 Contoh Geguritan Tema Pendidikan
- 1.15 Contoh Geguritan Tema Bencana Alam
- 1.16 Contoh Geguritan Tema Kemanusiaan
- 1.17 Share this:
- 1.18 Terkait
Kumpulan Contoh Geguritan Bahasa Jawa
Di bawah ini ada beberapa geguritan yang dibuat dari tema yang berbeda, kalian bisa mengcopy nya untuk tugas sekolah, atau di tulis di buku pribadimu. Kalau kamu suka membuat puisi dalam bahasa jawa bisa juga untuk dijadikan referensi untuk membuat puisi yang baru lagi.
Kumpulan contoh geguritan ini di ambil dari berbagai sumber yang valid. Berikut adalah 75+ contoh puisi bahasa jawa lengkap semua tema ada disini
Contoh Geguritan Tema Lingkungan
“Lintang Panjer Rahina”
Nalika bumi isih sepi
Lintang panjer rahina wis tangi
Menehi Pepadhang sagung dumadi
Kang wiwit gumregah ngupaya rejeki
Para among tani wis ndalidir mecaki galengan
Mbok bakul sinambiwara wus sengkut makarya
Para ngulama tumungkul mengestu puja
Para santri wiridan ngaji
Jago kluruk sesautan
Melu tasbeh marang pangeran
Ndonya wis gagat rahina
Maringi kalodhangan janma ngupadi pangupajiwa
–Slamet SA–
(Sumber: geguritan.com)
“Alam Indahku”
Ati sing lara dadi waras
Yen ndeleng apike alam iki
Pikiran sing lesu dadi tuntas
Ndeleng ciptan sing Kuasa
Matur syukur marang Gusti
Sing wis nyiptake bumi iki
Lan saisine
Kita kudu ngrawat alam iki
Marang dunya kang luwih apik
Artikel Terkait : Pengertian Frasa Terlengkap | Ciri-ciri, Jenis, Beserta Contohnya
Contoh Geguritan Tema Gagrak Lawas
Sun Nggeguriti
Kahanan arek jaman saiki
Siphat pemudha-pemudhi
Srawunge saya ndadi-ndadi
Raket wewekane sepi
Tan kadi jaman nguni
Srawunge sarwa ngati-ati
Yen manut wasiteng tama
Priya srawung lan wanita
Gampang kena panggoda setan
Nerak ing laku susila
Temah darbe jeneng ala
Wusananing tibeng papa
Contoh Geguritan Tema Gagrak Anyar
(R. Widiyati)
Daksebar kembang mlathi
Ing Taman Makam Pahlawan
Kusuma Bangsa kang sejati
Luhku tumetes… tes… netesi bumi
Aku rumangsa dosa
Durung bisa melu labuh negara
Amung sekar mlathi iki
Tandha setya lan janji
Bakal melu napak suci
Labuh nagri alelandhesan ati suci
Dadi pepenget Agustus iki dina mulya lan suci
Contoh Geguritan Tema Ibu
“Part 1 Tema Ibu”
Tresna asih ibu
Ora ana kang bisa ngganteke
Kesabaran ibu kang kebak wutuh
Ora bisa daklaleke
Do’a ibu kang tulus
tansah ngiringi awakku
pengorbanane kang tanpa wates
ora bisa winales
Ibu . . .
pituturmu bakal dakrungu
tresna asihmu marang aku
ora bakal puput
Pandongaku ibu…
Muga Gusti tansah nyembadani
“Part 2 Tema Ibu”
Ibu
anakmu kang dak wanti wanti
Kang dak kawatirake
Kak kok titipake ana pawiyatan luhur iki
Iki anakmu
Kang durung isa nyenengke ibu
Kang durung bisa nyenengke keluarga
Kang isih dadi tanggunganmu ibu
Nanging ibu
Anakmu iki bakal banggakke ibu
Banggakke keluarga kabeh
Anakmu rak bakal nyerah bu
Kanggo nyekel lintang ana langit
Kang kadhang ditutup mendhung
Kang kadhang mripat wae wis ora bisa weruh
Nanging anakmu iki janji ibu
“Part 3 Tema Ibu”
“Anggerku”
Ngger,
Biyung nyuwun ngapura
Ora bisa dadi biyung kang sampurna
Ora bisa nglegakne atimu
Ngger,
Uripku kebak kaluputan
Ngiwa luput, nengen luput
Rumangsaku aku wis manut
Bangun turut karo sing jare winasis
Nanging nyatane isih tetep luput lan diluputne
Lara atine biyung, ngge
Kepengin crita wae,
Ora enek sing gelem krungu
Apa maneh sambat, mung arep digeguyu
Kabeh wis ora percaya karo biyung
Kabeh ki nyatane ngapusi
Nanging biyung isih tetep percaya, ngger
Mung siji sing ora bakal ngapusi
Gusti Kang Maha Agung
Contoh Geguritan Tema Pahlawan
“Part 1 Tema Pahlawan”
Pahlawanku
Wutahing ludirmu
Nyiram ibu pertiwi
Nadyan sang ibu
Kudu muwun sedhih
Karajang-rajang manahe
Karujit-rujit rasa pangrasane
Pahlawanku
Mugya Gusti paring nugraha
Semana gedhene bektimu
Jiwa raga, bandha donya
Tanpa sisa
Amung siji pangajabmu
Merdika
“Part 2 Tema Pahlawan”
Bener, pener, yekti
Sliramu dadi seksi
Seksi pahlawan sejati
Pahlawan mulih aran awit bekti
Awit mangku jejibahan
Tugas luhur, jujur ing palagan
Ngemban amanat Trikora ayahan
Segara Aru biru lugu blak-blakan
Ngemu madu
Maduning bangsa satuhu
Kang Asma Yos Sudarso iku
Korban jiwa raga ing Segara Aru
Ludira kang wekasan
Kanggo nebus Irian
Yos Sudarso gugur kalayan
Asmanya misuwur ing bebrayan
Sliramu Aru, Seksi lugu
Seksi bisu, Satuhu baku
“Part 3 Tema Pahlawan”
Daksebar kembang mlathi
Ing Taman Makam Pahlawan
Kusuma Bangsa kang sejati
Luhku tumetes… tes… netesi bumi
Aku rumangsa dosa
Durung bisa melu labuh negara
Amung sekar mlathi iki
Tandha setya lan janji
Bakal melu napak suci
Labuh nagri alelandhesan ati suci
Dadi pepenget Agustus iki dina mulya lan suci
Contoh Geguritan Tema Guru
“Part 1 Tema Guru”
“Sertifikasi Guru”
Sertifikasi Guru
Kabeh wong wis padha krungu
Apa maneh ana kalangan guru
Nanging… kanthi sertifikasi guru mau
Apa bocah-bocah banjur mituhu
Ora wani karo Guru
Mugiya kanthi sertifikasi iki
Para siswa tambah bekti
Sinau ana sekolah kang mligi
Mantep, karep sajroning ati
Kanthi sertifikasi guru iki
Para guru ana kang ndaftar haji
Uga akeh kang tuku mersi
Nanging kang utama
Kanthi sertifikasi guru iki
Para siswa tambah prestasi
Lan bekti marang Ibu Pertiwi
Lan marang kang gawe urip pati
–Aris Irianti–
(Sumber: geguritan.com)
“Part 2 Tema Guru”
“Bapak lan Ibu Guruku”
wingi nalika sikil iki
tumapak sandhuwure bumi
durung paja-paja ngerti ha, na, ca, ra, ka
alip, ba’, ta’, apa dene good morning teacher!
lumakuning srengenge wis ganti
panyawangku dadi padhang
terawangan
rasaku sangsaya …
ora bisa dakgambarake
sih tresnamu nabet njanget
sajroning atiku
lamun tanpa panjenengan
bisa apa aku nepaki bumi iki ?
leladimu marang aku
ora timbang karo piwalesku
bu guru, pak guru
jangkahku isih adoh
uripku isih nyamut-nyamut
sethithik setetes bun esuk
iku wis cukup
tinimbang banyu sekendhi
marakake ati mati
lepasen lakuku
lilakna labuh labetmu
dakumbare gagasanku
sedyaku kasembadan
donga pangestumu
nuntun marganing sedyaku
–Sutapa, W.R–
Contoh Geguritan Tema Tresna
” Part 1 Tema Tresna ”
“Pepengeranku”
Iki pepengeranku nyawang sliramu
Naliko srengenge
Katon soyo gede
Ing dhuwur e jagad
Ya mung kuwi kekarepanku
Nyanding tresnamu
Kang mas Bagus
Kanti petenge jagad
Lintang, wulan dadi seksine
“Part 2 Tema Tresna”
“Tetep Tresna”
Nglangut ing majinge wayah ratri
Di kancani suminaring rembulan
Lan gemerlaping lintang
Tes tumetes iluh iki kantri deres
Kayata jala kang mili ngisi jaladri
Manah ingsun anggung roga
Lamun kemutan lakon asmara kalpa kawuri
Eling sliramu kang mblenjani janji
Janji kang wus kakidung semana
Murud nora pamit
Medhotake tresna tanpa kenyana
Ngguwak rasa kang cumitak ing raga
Ananging kahanan kalbu ingsun tetep mindha
Senajan wis pirang warsa
Rasa tresna iki nora sirna
Isih utuh kaukir ing sajroning tyas
Ingsun percaya…
Kabeh kang murud bakal mulih
Kabeh kang maksa bakal bali
Tanggal, wulan, taun kaliwat
Balimu isih daktunggu
Sliramu isih daktresna
Nganti ingsun mungkasi yuswa
(Falika Apta)
“Part 3 Tema Tresna“
Jodhoku
(Iswahyudi)
Sliramu sing saiki tak tresnani
Apa ya sliramu…?
Sing arep ngerteni aku salawase
Apa ya sliramu?
Sing arep njaga aku salawase
Apa ya sliramu?
Sing arep nuntun aku marang dalan kang becik
Apa ya sliramu?
Sing arep melu ngrasakake bungah lan rekasaku
Apa ya sliramu?
Sing sesuk arep dadi kanca uripku
Dhuh Gusti
Paringana pitedah kanggo aku
Apa iya iki jodhoku?
–post in geguritan.com–
Contoh Geguritan Tema Perpisahan
“Reuni”
Sakwise lawas pisahan
Ketemu wis pada simbah
Rambut wes pada maleh dadi putih
Ketemu mergo mendem kangen
Guyonan koyo sih enom
Duh gusti ingkangmaha kuasa
Amung bisa ngucap alhamdulilah
Isih bisa ngumpul kaya ngene
“Ditinggal Rabi”
Opo yo lali marang masmu iki
Jaman semoni sing ajeg ngancani
Mrono-mrene ados rekoso
Amreh biso ngadep wong tuo
Kanthi nguyung-nguyuh playuku iki
Banjir eluh tak sambangi
Tak jimati awak kelawan janji
Jebol aku mok tinggal rabi
“Sak Karep”
Aku lemes
Aku kesel
Aku nelongso
Arel e ambi sing liyo
Aku mek dadi konco
Sing kalah bondo
Aku ngunu opo
Kalah rupo menang tresno
Aku wes ora kuat
Awaku loro kabeh
Ati ku opo maneh
Timbang aku loro
Aku mending mangan ae
Contoh Geguritan Tema Kanggo Kanca
“Kanca Part 1”
Ana kala nelangsa
Ana kala suka cita
Ana kala memala
Ana kanca kang apkan lan loma
Anane gawe ati tansah bungah
Ana kanca kang tumindak ala
Anane misuh gawe ati loro
Kanca kenthel dadi kebegian
Kanca ala malah kapusan
Ati-ati milih kanca
(Nur Fahmala)
“Kanca Part 2”
Kanca sing aji banget
Sing nggawe aku seneng saben wektu
Sing ana wektu sneng arep susah
Kanca….
Enggonku nutugne reribet
Nggolek i dalan masalah e
Seneng wes pada pada kasih e
Saiki wis tambah tua
Wis mikir urip e dhewe dhewe
Aja nate nglalekne kancamu kabeh ya
Contoh Geguritan Tema Agama
“LILO”
Rasa tresno marang manunsa
Ora bisa ditinggalno
Lara ing ati nyawang sing ditresnani
Sumringah batin bisa gaweni
Witing tresno jalaran saka kulina
Bebarangan mrena-mrene
Tansah bagya bisa nduweni
Sliramu lilo tak enteni
Nanging aku tansah kudu lilo
Aku lan sliramu beda agama
Tresno iku ora bisa di paksakne
Trenso lan sayang iku larang regane
Contoh Geguritan Tema Sahabat
“Sahabat”
Sahabat….
Kowe sing mesti ana ing sandingku
Kowe sing ana wektu senengku
Kowe uga sing ana wektu susahku
Sahabat….
Mung tanganmu sing tansah genggem tanganku
Mung pundakmu sein bisa nrima tangisku
Mung guyumu sing nentremne atiku
Contoh Geguritan Tema Sekolah
“Sekolahku Part 1”
Sekolahku…
Seneng rasane atiku
Ndeleng sekolahku
Sing resik lan asri
Ana wit-witan sing ijo royo-royo
Adem lan tentrem rasane atiku
Ngresakake apik e sesawangan seklahku
Saben isuk ndakrasakakehawa seger ing dadaku
Ndakrasakake kahanan sekolah sing tentrem
Sing ndadekake aku semangat sinau
“Sekolahku Part 2”
Sekolahanku…
Saben esuk lakuku tumuju gapuramu
Anggonku ngangsu kawruh
Saben dina senen nganti sabtu
Sing oranono siswa wadone
Sekolahanku….
Etane Kuburan Suwong
Sing kawetar gurune
Sing kawentar prestasine
Contoh Geguritan Tema Budi Pekerti
“Matur Nuwun”
Pangucapan gamoang diucapke
Pangucapan agawe trenyuh atiku
Sitik tembunge mulya maknane
Endah maknane sakkabehane
Yen bisa diucapke
Kabeh wong mesti luluh atine
Amargo krungu ucapanmu
Senajan manise madu
Nanging tetep manis ucapanmu
Nganti kelingan teken seprene
Matur nuwun.
Contoh Geguritan Tema Pendidikan
“SMK Warga Sekolahku”
Sakjroning keselku ana esemu
Sekolah ku kuat tanpa sambat
Mung kanggo kamulyanku ing tembe mburi
Dadi murid warga kudu siap batin
Kudu siap awak, siap disiplin, sregep
Tanpo mikir rekasane awak
Siogo ngundi ilmu, siap nrima perintahe
Dawuh e bapak lan ibu guru
Tetep sabar ngadepi guru
Tetep kuat ngadepi akehe kewajiban
Lan kudu bisa nyingkiri wewalening sekolahku
Contoh Geguritan Tema Bencana Alam
“Tragedi Tsunami Palu”
Dunya iki wes tua
Tanda-tanda dino akhir akeh seng muncul
Manungso tingkah e sak penak e dewe
Lanang Wadon Ra nduwe isin
Dino iku gempa banter tenan
Sampe akeh omah rubuh
Podo sigar
Ora suwi ombak duwur teko
Ora ono itungan jam
Kabeh rata karo lemah dadi siji
Melas aku nyawang para korban
Ono arek cilik nggoleki ibuk e
Gak weruh e ibu e wes katot ombak tsunami
Contoh Geguritan Tema Kemanusiaan
“Seduluran”
Aku sinau dadi bocah kang apik
Sliramu tansah ngancani aku
Seneng susah sliramu tansah ngancani aku
Matur suwun sedulur kala
Senadyan awak dewe ora tunggal rah
Awak dewe kabeh tetep sedulur
Ora ana kamulyan
Tanpa anane paseduluran